Teks Drama Bahasa Jawa
Judul :
Andhe-Andhe Lumut
Tema : Golek
Garwa
Kelompok : 01
Kelas : 9B
Nama &
Pemeran : 1.Andhe-Andhe Lumut (Anton
Ramadani/05)
2.Mbok Randha
Dadapan (Alfinsa Umaya
Tista/02)
3.Ibuke kleting
(Vani Soraya/30)
4.Bapake Kleting ( Mochamad
David/19)
5.Kleting Abang (Rania Cinta
Mariska/25)
6.Kleting ungu ( Putri Nur Laili/23)
7.Kleting Kuning ( Ira
Khairunissa/16)
8.Yuyu Kangkang (Ahmad Gunawan/01)
9.Laras (
Ica Anggraini/15)
10.Bejo (Harianto/14)
11.Bejan (Yudha Indra/31)
12.Bangau Tongtong
1 (Febri Andika Putri /13)
13.Bangau Tongtong
2 (Meitha Aprilia /18)
14.Bangau Tongtong
3 (Tia Afifa Putri /28)
15.Ijem (Ninus
Putri/20)
16.Parno (Andri Dwi/03)
Sinopsis:
Ing sawijineng Kerajaan ana Pangeran sing
kepingin golek garwa ing desa Dadapan.Pangeran
kuwi dikancani karo Anak buahe jenenge Bejo Lan Bejan.naliko mangemboro kesasar lan ketemu karo mbok
rondo dadapan. karo mbok rondo pangeran di angkat dadi anak e seng di jenengi
andhe andhe lumut. mbok rondo dadapan ngolekne garwa andhe andhe lumut kanthi
carane ngeneake saembara nyanyi sing dijenengne “SINDEN IDOL”.seng melu
saembara yaiku klething ungu,klething abang lan klething kuning.pas klething
kuning arep nyebrang yuyu kangkang wegah nyebrangne, akhire ditulungi peri bangau tongtong. senajan klething abang
lan klething ungu teko dhisik, ora dipilih karo ande-andhe lumut. nggarai klething abang lan klething
ungu wes tau diambung karo yuyu kangkang.beda karo klething kuning sing rupane
elek nanging ora mambu ambune yuyu kangkang.akhire andhe-andhe lumut milih
klething kuning sing didadekne garwa.
Dialog:
Babak 1
Ing sawijining kerajaan ana pangeran sing kepingin golek permaisuri gawe ndampingi uripe sabendino.Pangeran banjur lunga saka kerajaan karo dulure yaiku bejo lan bejan,ananging
pangeran lan dulure malah kesasar neng desa dhadhapan .
PANGERAN :“jo jan renea to tak
omongi “
Bejo :”enten napa pangeran”
Bejan :”enggeh enten napa pangeran”
PANGERAN :”aku kepengen golek permaisuri,ananging awakdewe kok kesasar neng alas
iki”
Bejan : “la ngeh lo niki desa napa”
(pangeran kaget moro moro ana uwong lewat nengngarepe)
PANGERAN :”sapa kuwi jo”
Bejan :”Kula mboten ngertos pangeran.
Sinten nggih niku?”
PANGERAN :”Kulanuwun,ngapunten
mbok kula badhe tanglet”
(pangeran nyedeki)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “walahdalah.. sopo yo?”
PANGERAN : “Kula tiyang seng
mangembara mbok,kulabadhetanglet,nikidusunnapangeh?”
MBOK RONDHO DHADHAPAN :
“owalah,,iki dusun dadapan le,kowearepnengendi?”
PANGERAN : “kula badhe mangembara mbok ananging kula mboten ngertos desa niki”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “yawes le melua aku ae mengko tak dadek ne
putraku”
PANGERAN : “napa mboten ngrepot ne to mbok”
MBOK RONDHO DHADHAPAN :”ora le”
PANGERAN :”ngeh pun matur suwon mbok”
Babak 2
Ing
sawijining desa,ana Bapak seng nduweni Anak seng jenenge Klenthing Kuning.
Klenthing kuning uwes ditinggal seda ibune kat cilik.Ing sawijining dino,
Bapake Klenthing Kuning ngrembungake ,
yen bapake klenthing kuning Kepingin nduweni garwa anyar gawe ngancani uripe
Klenthing Kuning lan bapake.
BAPAK KLENTING KUNING :“nduk rene nduk bapak.e arep
omong !”
KLENTHING KUNING : “enten napa pak,sajak.e kok
penting banget?”
BAPAK KLENTHING KUNING :“ngene lo nduk,bapak.e arep
rabi maneh,Kowe sarujuk pora?”
K.Kuning:” Kula sarujuk mawon pak,Sing
pentingPanjenengan seneng,Kula inggih seneng.”
BAPAK KLENTHING KUNING :“ya ws masalah kapan rabi ne mengko bapak.e piker dewe”
(Akhire
Bpake Klenthing nglakoni ijapan karo rondho anak 2)
Babak 3
2 tahun sak wise rabi,bapak.e klenting
lara-lara nen .seng ngarak ne pegel ibu.e klenting amargo ngentek-ngentek.i duwet.Klenthing
Abang lan Klenthing Ijo ngrasa kabotan , ngopeni bapake seng lara-laranen.
KLENTHING ABANG :”beh piye iki wedak ku arep
entek,goro goro ngopeni bapke seng lara-laranen”
KLENTHING UNGU :” Lha iyo, awake dewe arep
tuku opo-opo maleh ora iso. Amargo dinggo ngaragati bapake kuwi, Kapan matine!”
KLENTHING ABANG :“Ayo omong ngene ibuke,ben
gawe cara mateni Bapak!”
KLENTHING UNGU :“iyaayo!”
KLENTHING ABANG & KLENTHING IJO :” buke buk e”
IBU KLENTHING.:” Ana apa ta nduk, kok bengak
bengok ae?”
KLENTHING ABANG :” Buk wedakku entek,kabeh
alat macak ku wes arep entek! “
KLENTHING UNGU :“ iyoBuk rambutku wes wayae
neng salon neh! Piye iki?”
KLENTHING ABANG :“Lhaiyo, aku selak jibek, sembarang – mbarang dingge bapake, kapan dingge aku?”
IBU KLENTHING :” Wes ta nduk ora usah
bingung, Ibuke wes ngrencanakne gawe mateni bapakmu!”
(klenthing – klenthing ngaleh dinggal ne
ibuke ,Ibuke Klenthing banjurmoro
neng pawon, kanggo nyepakne obate bapake klenthing lan nguwei racun neng
ngombene bapake klenthing)
IBU KLENTHING :“Mbok mbok reneo mbok !”
PEMBANTU :” Inggih bu, wonten napa?”
IBU KLENTHING.:” Nyoh! Kekno bapake , weswayae ngombe obat!”
PEMBANTU :” Nggihbu “
(pembantu
mara ing kamar e bapak e,kanggo ngewehne obat)
PEMBANTU :” Pak niki obate monggo diunjuk.”
BAPAK KLENTHING :” Iyo deleh en mejo ae!”
PEMBANTU :“ Nggeh”
(Pembantu
banjur metu saka kamare bapake,lan Klenthing kuning mlebu neng kamare bapake)
KLENTHING KUNING :“Pak,obatipun napa sampun
diunjuk?”
BAPAK KLENTHING :” Ugung nduk, Reneo nduk,
Bapak arep omong, (karo watok-watok)”
KLENTHING KUNING : “wonten
napa pak?(karo ngowehne obat banjur diombe bapake)”
BAPAK KLENTHING : “ngene nduk, saiki bapake wes tua , gek awakmu
yawes gede ,jaganen
omah iki apik apik ngeh nduk ,iki peninggalane ibukmu .”
KLENTING KUNING :“sampun ngendikan kados ngaten pak, kula dereng siap
jenengan tilar .”
BAPAK KLENTING : “wes to nduk awamu wes gede,
wes wayae awamu urip dewe karo ibumu lan mbakyu mu, bapake mung jaluk siji ,
ojo tukaran karo mbakyu-mbakyumu, seng rukun karo ibu lan dulurmu dewe”
KLENTHING KUNING :”Inggih pak kula bakal rukun
kalihan ibu lan mbake“
(bapake klenting kuning akhire ninggalake klenthing kuning sak lawase )
Babak 4
Sakwise bapake Klenthing
seda, Ibu lan dulure Klenthing Kuning maleh sak mena-mena karo Klenthing
Kuning.Klenthing Kuning dibabu kongkon nyapu, masak, umbah- umbah lan sakliya liyane
IBU KLENTHING : “klenthing
kuning......klenthing kuning rinio!”
KLENTHING KUNING : “inggih bu, wonten napa?”
IBU KLENTHING : “nyoh umbahen klamb iiki!”
KLENTHING KUNING : “inggih bu.”
(klenthing kuning budal menyang kali,setibane nang kono klenthing
kuning cetukan karo kancane)
Laras : “klenthing kuning..rinio umbah-umbah
karo aku!”
KLENTHING KUNING : “iyo,tak mrunu.”
(klenthing
kuning lan kancane umbah umbah bareng, pas kancane klenthing kuning weruh
kumbahane Klenthing Kuning akeh, Kancane
Klenthing kuning nguwei saran , yen ojo gelem dadi babune mbakyune )
Laras : ” kumbahanmu akeh men ta?”
KLENTHING KUNING : ” Nganu iki klambine mbakyu
lan ibuku”
Laras :” Kowe kok gelemen ta awakmu, dadi babune dulur - dulurmu? “
KLENTHING KUNING :“ amarga aku wes diwei amanah
saka bapakku , yen aku kudu rukun karo ibukku lan dulur-dulurku”
Laras: ”Ananging awamu yo ojo gelem
dikongkoni kenemenen ta. Awamu yo nduweni hak.”
Kleting
Kuning: “ Iyo-Iyo aku ngerti kok, awamu ora usah kuwatir”
Laras: “Ya
wes ayo muleh!”
Kleting
Kuning: “ayo!”
(sak wise
kui klenting kuning mulih,teko omah klenthing kuning sek dikongkon nyapu karo
ibuk e)
KLENTHING KUNING : “niki buk,umbah-umbahane
sampun mantun”
IBU KLENTHING : “yo wes gek ndang
nyapu-nyapu kono !”
KLENTHING KUNING : “inggih buk”
TUKANG KEBUN : “delok en to kae
mbok,kelnthing kuning dikongkoni wae.”
PEMBANTU : “lha yo, padahal klenthing kuning seng
nduwe hak paling akeh nang kene.”
TUKANG KEBUN :“Tapi yo kepriye maneh, adewe
ora bisa ngapa-ngapa”
PEMBANTU :” Iyo adewe gur iso dongakake Klenthing Kuning,muga –muga klenthing kuning diwenehi sabar ngadep kuwi”
TUKANG KEBUN : “ iyo mbok “
(klenthing kuning nyaponi ngarepan omah, ora suwe ibu klenthing teko ngawasi klenthing kuning.nyusul sedulure klenthing abang lan ijo)
IBU KLENTING : “Anak-anakku
sing ayu-ayu…rene ndug!”
KLENTING-KLENTING
: “Injihbu, wonten
napa?”
IBU KLENTING : “Ngene ndug,
ana warta sing penting banget.”
KLENTING
ABANG : “Warta apa tabu?”
KLENTING UNGU : “Inggih bu enten
napa ta,sajake kok tenanan?”
IBU KLENTING : “Kowe ngerti
ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak bagus banget, jenenge ande-ande lumut?”
KLENTHING UNGU LAN ABANG : “iyobu,emange enek apa?”
IBU KLENTING : “ngene lo mbok rondho dhadhapan kuwi gawesaembara
“Sinden Idol” kanggo anake ande-ande lumut sing lagi golek garwa pendamping.”
KLENTINGABANG : “wah kudu melu kuwi “
IBU KLENTING : “Iya sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwaneande-andelumut.”
KLENTING ABANG : “Wah mesti aku sing
dipilih mengko, kan aku ayu”
KLENTING UNGU : “Oraiso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.”
IBU KLENTING : “Wes-wes ta!! Rasah padu ,anak-anake mbok kan ayu-ayu,
rasah do udur!! Gek neng njero kono,siap-siap dandan!!”
KLENTING-KLENTING : “Injihbu (klenthing abang lan ijo ninggalne ibue
lan mlebu omah,klenthing kuning kawit mau mirengake pirembungake ibue lan mbakyune klenthing kuning maran iibue lan ngomong marang ibue. )
KLENTING KUNING : “bu kula badhe matur.”
IBU KLENTING : “Matur apa….? Apa kowe
wes rampung nyapune?”
KLENTING KUNING : “Sampun bu, ngeten bu kula inggih kepingin ndherek sayembara “Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.”
IBU KLENTING :“apa !
kowe arep melu sayembara kuwi , rene sek
rene sek! (mbok rondho mlebu pawon lan njupuk panci) nyoh umbah en
panci iki ngant iresik baru kowe oleh melu sayembara kuwi
KLENTHING KUNING :
“enggeh bu“ (klenthing kuning banjur buda lmenyang kali)
Babak 5
Klenthing kuning ngumbah panic nganti resik supaya bias melu sayembara, mara –mara muncu lbangau
tong tong seng ngarakne klenting kuning kaget.
KLENTHING KUNING :” Duh Gusti ngeten niki
gesangipun kula.. mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah”
(Bangau
tongtong mara-mara metungul neng sandinge Klenthing Kuning lan nggawe Klenthing
Kuning kaget)
BANGAU TONGTONG :“He cah ayu!”
KLENTHING KUNING :” Sapa kuwi?”(mundur –mundur wedi)
BANGAU TONGTONG 1 :” ojo wedi cah ayu, aku
bangau tongtong sing bakal ngewangi uripmu. Apa sing iso tak ewangi cah ayu?”
KLENTING KUNING : “(nyedek alon-alon) niki bangau aku kepingin melu sayembara, ananging karo ibukku aku diutus ngumbah
panci iki sampek resik, nanging panci ikiora resik-resik.”
BANGAU TONGTONG 1 :“aku bakal ngubah panci kuwi mbalek dadi anyar neh, ananging kowe kudu
mateni aku “
KLENTHING KUNING :”nanging aku ra tego yen mateni kowe”
BANGAU TONGTONG 1: “Tutupen mripat mulan parakno ladingmu neng guluku”
(Klenthing
Kuning akhire mateni Bangau tongtong kuwi, lan panci seng diumbah Klenthing
Kuning maleh dadi resik.sakwise bangau tong
tong ngalehKlenthing Kuning banjur balek)
Babak 6
Klenthing abang lan klenthing ijo banjur budal,ananging pas arep nyebrang
kali ,kali ne banjir seng ngarakne klenthing abang lan klenthing ijo njalok tulung marang yuyu kangkang
KLENTHING UNGU: “mbakyu piye iki kali ne banjir?”
KLENTHING ABANG : “sek- sek tak njalok tulung yuyu kangkang ae, yuyu kangkang yuyu kangkang!”
YUYU KANGKANG : “Hohohoho….Godong waru kokbolong-bolong…
bocah ayu kok moblong-moblong, enak apa cah ayu ?”
KLENTHING ABANG : “ aku njalok tulung ,sebrangno
aku lan adhikku saka kali iki!
“
YUYU KANGKANG :“Hahaha ora gampang kowe
ngongkon aku, kudu ana imbalane”
KLENTHING UNGU :” imbalane apa ta? Kon mbayar
Duwit?? Wah kowe kuwi mata duwitan!”
KLENTHING ABANG :” Yowes lah lek duwit,
gampang mengko tak bayar, piro ta jaluk
mu?”
YUYU KANGKANG :“Duduk duwit dudu duwit! Aku ora doyan!”
KLENTHING ABANG &KLENTHING IJO : “ Pretttt! “
YUYU KANGKANG :” imbalane yaiku kanggo
tanganmu!”
KLENTHING ABANG :“opo? Tanganku? Ape kok
apakne?”
YUYU KANGKANG :“Ora tak apak-apakne, mung
tak ambung setitik wae”
KLENTHING UNGU :“HE? Opo? Gah Gilani!”
YUYU KANGKANG :” Yowes yen wegah aku rabakal
ngewangi kowe!”
KLENTHING UNGU: “Yowes tapi neng tangan wae
sedilit tok!”
(yuyu
Kangkang akhire nyebrangne klenthing abang lan
klenthing Ijo)
Babak 7
Sakwise klenthing kuning teko omah lan arep budal gawe melu sayembara ,klenting kuning diendekk iibuke lan klenting kuning diclonthengi karo areng supaya ora dipilih karo andhe –
andhe lumut.
KLENTHING KUNING : “niki bu sampun kula resik ipanciniki,
kula badhe pametbadhe nderek sayembara buk “
IBU KLENTING : “kosek kosek arep tak pacaki kowe rene!”
(banjur ngeseri areng marang raine klenting kuning )
KLENTING KUNING : “jenengan kapake kulo niki bu?”
IBU KLENTHING : “ HAHAHA.. kowe tak clontheng iareng supaya kowe ra dipilih karo andhe –
andhe lumut, ya awes
kono gek ndang budal”
(Parno alan
mbok ijem weruh apa sing dilakokne karo Ibuke Kleting marang Kleting Kuning)
Ijem:”
Owalah mesakne Kleting Kuning no, dipacaki ala karo ibune”
Parno: “
Kleting Kuning mesti ora kepilih yen carane ngono kuwi”
(kleting kuning banjur budal nderek sayembara)
Babak 8
Sakwise teko kali klenting kuning bingung arep nyebrang amarga kali
ne banjir ,dadi klenting kuning njalok tulung marang yuyu kangkang ,ananging yuyu kangkang ora gelem amarga klenting kuning rupa ne
elek
KLENTING KUNING : “Wah… kok banjir ta?
Piye carane ak uiso nyebrang??Wah kae enek yuyu kangkang.Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo.Aku njaluk tulung sebrangne
kali iki.”
YUYU KANGKANG : “Hahaha… apa sebrangke?aku wegah.”
KLENTING KUNING : “Mengko tak wenehi duwit”
YUYU KANGKANG : “Aku wegah, ambu mu raenek ,rupa mu elek
!”
(yuyu kangkang ngaleh ninggalake klenthing kuning ,mara-mara bangau tong tong teka nyedot banyu kali
kuwi)
KLENTING KUNING :
”haduh piye iki “
BANGAU TONGTONG 2 : “
HE ..cah ay uaja wedi aku bakal nyedot banyu iki nganti sat, supaya kow eiso nyebrang kali iki “
KLENTING KUNING : “
matur suwon bangau ”
Babak 9
Klenting abang lan klenting ijo teko nek omahe mbok rondho dhadhapan lan melu sayembara,
ananging andhe – andhe lumut ora gelem nerima klenting abang lan klenting ijo dadi garwane
KLENTING ABANG LAN
UNGU:“Assalamu’alaikum…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN
: “Wa’alaikumsalam…sapa ya?”
KLENTING ABANG : “Kula
mbok… klenting abang.”
KLENTINGUNGU: “Kula
klenting ijo mbok..”
MBOK RONDHO
DHADHAPAN : “Wah.. cah wadon ayu-ayu,arep ngapa iki?”
KLENTING-KLENTING
: “Badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut
mbok”
KLENTING-KLENTING : “inggih mbok” (klenthing
– klenthing gentian nunjuk no kapinterane nyanyi)
KLENTING ABANG : (NYANYI “LAYANG
SWARA”)
MBOK RONDHO DHADHAPAN :
“Lumayan-lumayan. Seng sijine….”
KLENTING UNGU : (NYANYI “LAYANG
KANGEN”)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Padha wae lumayan .
Sekya tak omongke ande-ande lumut .mlebu
siji-siji ya!”
KLENTING-KLENTING : “enggeh mbok”
(KLENTING ABANG MLEBU PISANAN, BANJUR MBOK RONDHO NYANYI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut..
temuruna ana putrid kang unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane… Klenting abang iku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten meduun..
najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah ora gelem kinduk!”
KLENTING ABANG : “Wah kurang ajar
kuwe kuwi ! aku ayune koyo ngene diarani sisane yuyu kangkang.” (KLENTING ABANG METU
BANJUR KLENTING IJO SING GANTI MLEBU)
KLENTING UNGU : “Cobi kula mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku siande-ande lumut…temuruna ana putrid kangunggah-unggahi…
putrine ngger sing ayu rupane.. klenting ijoiku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Wah ya padha ora gelem
ki nduk.”
KLENTHING UNGU : “Woo kurang ajar
tenan kowe kuwi ndhe !”
Bejo: “
Ngapa kok samean ora gelem?Rugi temen samean.”
Bejan: “Lha
yo lo, lha wong bocae kuwi ayu-ayu ananging kok samean ora gelem nampa”
Andhe-Andhe
Lumut: “Aku wegah masio ayu, senajan kuwi sisane Yuyu Kangkang”
Bejo: “Terus
sampean golek sing koyo ngapa?”
Andhe-Andhe
Lumut: “Mengko sampean weruh dewe, piye pilihanku”
(KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE
MBOK RONDHO DHADHAPAN)
KLENTING KUNING :
“Assalamu’alaikum…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN :
“Wa’alaikumsalam… sapa ya kuwi?”
KLENTING KUNING : “Kula klenting kuning mbok…badhe melu saembara
“sinden idol” supaya bias dad igarwane ande-ande lumut.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Apa?...
Kowe kepengen dadi garwane anakku?Ora salah ta kuwe ki nduk?”
KLENTING ABANG : “Lha iya… rupa mu elek ambum ura enak. Aku wae sing
ayu ditolak kok apa maneh kuwe?”
KLENTING KUNING : “Dicoba ndhisik mbok…”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Ya wis kono ndang nyanyi.”
KLENTING KUNING : (NYANYI “SEWU
KUTA”)
MBOK RONDHO DHADHAPAN :ya apik,ayo melu aku mlebu
(KLENTING KUNING MELU MLEBU MBOK RONDHO BANJUR MBOK RONDHO NYANYI)
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putrid kang unggah-unggahi…putrine kang ala rupane…
klenting kuning iku kang dadi asmane.”
ANDE-ANDE LUMUT : “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe medun…najan ala menika kang putra suwun.”
Bejo: “Ora
salah ta samean ki? Kemau sing ayu wegah nanging sing koyo ngene samean tampa?”
Andhe-Andhe
Lumut: “ Ora, iki wes dadi pilihanku”
Bejan : “Aku
manut wae lah, aku weruh opo sing dadi pilihanmu kuwi seng apik ngge sampean”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “Opo
sing diomongne dulur-dulurmu kuwi bener le, apa kowe ora salah ta le?”
ANDE-ANDE LUMUT : “Mboten mbok…niki sampun dadi pilihane kula.”
MBOK RONDHO DHADHAPAN : “ yawes le
yen kuwipilihan mu ,mbok sarujuk wae”
(Moro- ana
bangau tong-tong teka ing omae mbok rondho)
Bangau
tong-tong 3: “ Klenthing Kuning Aku bakal ngrubah penampilanmu suapaya dadi
ayu”
(Klenthing
Kuning banjur di dadekne ayu banget, nganti mbok randha dhadhapan pangling)
Klenthing
Kuning: “ Matursuwun bngau tong-tong)
Mbok Rondho
dhadapan: “ Owalah dalah, pangpurane nduk, aku wis ngala-ala kowe”
K.Kuning:
inggih mboten napa-napa mbok”
AKHIRE
ANDHE-ANDHE LUMUT NGRABI KLENTHING KUNING LAN UREP SAK LAWASE . TAMAT